Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/78

Kaca iki wis divalidasi

17. Guritan
Guritan iku golongane tembang utawa lelagon kang mawa purwakanthi guru swara, Sing akeh awujud lelagon dolanan.
Tuladha:

  1. Sun nggegurit:

    kaanan jaman saiki,
    sipat pemudha pemudhi,
    srawunge saya andadi,
    raket wewekani sepi,
    tan kadi duk jaman nguni,

    srawung sarwa ngati-ati.
  2. Te kate dipanah
    dipanah ngisor gelagah
    ana manuk ondhe-ondhe
    mbok sri bombok mbok sri kate
    mbok sri bombok mbok sri kate

18. Prenesan utawa blenderan
Wong pawe prenesan iku karepe mung kanggo geguyon, kanggo nggrecok kanca, kala mangsa banjur ngemu surasa sembrana parikena.
Tuladha:

  1. Puluh-puluh-kowe, Yu, sing luput !
    Dadine prenesan: Puluh-puluh dadi rong puluh, Yu, selikur kowe !
  2. Wah, bocah kuwi nyolong pethek, Iho !
    Dadine prenesan: Wah bocah kuwi nyolong pethel sasangkal-sangkale!
    3. Jamune legi. Ning isih kalah karo Pasar Legi.

19. Pepindhan

Ukara utawa unen-unen kang nyebutake samubarang mawa dipindhakake. Dhapukaning ukara lumrahe nganggo tembung: kadya, kaya, lir, pendah, pindha, lan tembung-tembung liyane sing tegese kaya.

76