Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/80

Kaca iki wis divalidasi

   slira srenteg ngawak dara,
   pamulu lir sasangka,
   rema memak ngembang bakung,
   sesinome micis wutah.

  1. Larapan nyela cendhani,
    imba ananggal sapisan,
    kekincange nggiwangake,
    ibing tumenga ing tawang,
    netra ndamar kanginan,
    liringe weh wayang wuyung,
    mblalak kocak lir mutyara.
  2. Grana ngrungih ngudhup mlathi,
    pindha kencana pinatar,
    ngudhup turi kekeninge,
    nyangkal putung uwangira,
    lathi manggis karengat,
    eseme apait madu,
    waja sinisig nglar kombang.
  3. Pamekak anawon kemit,
    pamidhangan anrajumas,
    anglunging gadhung janggane,
    pepoconge manjang ilang,
    wentis angembang pudhak,
    racikan merit angrayung,
    asta nggendhewa pinenthang.

b. Candraning solah bawa utawa tindak tanduk:

  1. Lembeyane mblarak sempal.
  2. Paguting tingal gapyuk lir kupu atarung.
  3. Tandange lir sima antuk bayangan.
  4. Sowane Raden Arjuna repepeh-repepeh kadi sata manggih krama.
  5. Pangamuke kaya bantheng ketaton.

c. Candraning alam

Sakathahing lelangen sauruting margi ingkang kelangkungan tindakipun Prabu Kresna, semunipun sami prihatos. Ebahipun


78