Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/81

Kaca iki wis divalidasi

godhonging wit waringin semunipun kados janma anandhang sungkawa. Pucaking gapura emperipun kados angajeng-ajeng enggala rawuhipun Prabu Kresna. Bahuning gapura esthinipun kados badhe anyembah ingkang nembe rawuh.

d. Candraning mangsa

1. Sotya murca ing embanan: mangsa kapisan, wit-witan padha brindhil.
2. Bantala rengka: mangsa kapindho, lemah-lemah padha nela.
3. Suta manut ing bapa: mangsa katelu, wit gembili padha wiwit mrambat.
4. Waspa kumembeng jroning kalbu: mangsa kapat, pepet sumber.
5. Pancuran emas sumawur ing jagat: mangsa kalima, wiwit ana udan deres.
6. Rasa mulya kasucian: mangsa kanem, akeh woh-wohan enak.
7. Wisa kentar ing maruta: mangsa kapitu, akeh lelara.
8. Anjrah jroning kayun: mangsa kawolu, kucing pada gandhik.
9. Wedharing wacana mulya: mangsa kasanga, garengpung padha muni.
10. Gedhong minep jroning kalbu: mangsa kasepuluh, akeh manuk padha ngendhog.
11. Sotya sinarawedi: mangsa kasewelas, akeh manuk padha ngloloh.
12. Tirta sah saking sasana: mangsa karolas, wong-wong padha kringeten marga bedhidhing.

21. Lambang

Bab iki wis kapacak ana ing Wulangan 2.

22. Candra sangkala utawa Sengkalan

Bab iki wis kapacak ana ing Wulangan 3.

23. Sandi asma

Jeneng kang pamacake ora melok, sinamar ana ing sajroning rumpakan.

Mbs-3- 79