Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/90

Kaca iki wis divalidasi

Moncer-moncere : Jaman Surakarta

Tembange : tembang gedhe, tembang tengahan, tembang macapat, lan wiwit thukul puisi gagrak anyar.

Tuladha:
1. Suluk Wujil
Dhapukane tembang: tembang gedhe lan macapat. Sing ngarang ora kasumurupan.Isine piwulange Sunan Bonang marang Wujil, wong bajang tilas abdine ratu Majapahit.

2. Serat Niti Sruti
Awujud tembang Dhandhanggula 92 pada. Sing yasa Pangeran Karanggayam ing Pajang marga dhawuhe Pangeran Seda Krapyak ing Kuthagedhe. Isine piwulang warna-warna, kayata bab laku-lakune wong ngawula, tuntunan marang sing padha nyekel paprentahan lan sapanunggalane.

3. Serat Menak
Nyritakake lelakone Wong Agung Menak, putra bupati ing Mekah, wiwit nyuwita menyang Madayin nganti neluk-nelukake ing ngendi-endi.
Sing ngarang Carik Narawita, marga dhawuhe Sinuwun Paku Buwana I ing Kartasura.

4. Serat Pranacitra
Dhapukane awujud tembang macapat. Sing yasa Raden Atmadikara ing Surakarta (taun 1866), atas dhawuhe Sinuwun Paku Buwana V.
Isine critane Pranacitra karo Rara Mendut, putri boyongan saka Pathi sing digarwa Tumenggung Wiraguna ing Mataram.

5. Serat Rama
Dhapukane awujud tembang macapat. Jarwan saka buku kuna abasa Jawa Kuna. Sing njarwakake R. Ng. Yasadipura I, pujangga Surakarta jaman jumenenge ingkang Sinuwun Paku Buwana III lan IV.

Isine nyritakake lelakone Prabu Rama lan garwane Dewi Sinta.

88