Kaca iki wis divalidasi
PANAMBANG NA
A. Pangrimbage
- Manawa rinaketake ing tembung kang wandane pungkasan wanda sigeg,
na cukup dijejerake bae, yen pungkasane wanda sigeg n, na owah dadi k.
- takon + ana → takokna
- jaluk + na → jalukna
- Manawa rinaketake ing tembung kang wandane pungkasan wanda menga, kudu disigegake k dhisik. Dene i, e → u, u → o
- padha + na → padhak + na → padhakna
- dadi + na → dadek + na → dadekna
- gedhe + na → gedhek + na → gedhekna
- tuku + na → tukok + na → tukokna
- conto + na → Contok + na → contokna
B. Panambang na nelakake :
- Pakon tanduk
— Ngliwetna ibumu = supaya ngliwetake
— Nukokna buku adhimu = supaya nukokake
- Pakon tanggap
— Aku tukokna sega = supaya ditukokake
— Aku jalukna dhuwit = supaya dijalukake.
- Ateges : upama, pangarep-arep, sanajan, muga-muga, mokal
— Dhuwite dakwenehna wingi: saiki wis mangkat (= upama dakwenehake)
— Dhuwitku diparingna saiki mana aku sida mulih (= muga-muga diparingake)
— Kotukokna sandhangan pisan aku emoh melu kowe (= sanajan kotukokake)
— Dielingna adhimu marang Pangeran (muga-muga dielingake)
— Wong tuwane dhewe bae ora dilukokake kancane maneh ditukokna(mokal ditukokake)
LATIHAN
- Tembung-tembung ing ngisor iki rimbagen nganggo panambang en, banjur gawenen ukara !
genti, wada, suru, gule, soto - Tembung-tembung iki rimbagen nganggo panambang a supaya dadi pakon tanduk, banjur gawenen ukara !
genti, wada, suru, gule, paro.