Kaca iki wis divalidasi
- Wayang Dupara, critane saka layang babad, kayata: Jaka Tingkir, Jaka Tarub, Babad Pajang lsp.
- Wayang Menak, critane saka tanah Arab.
- Wayang Suluh, critane warna-warna kanggo aweh sesuluh.
- Wayang Kancil, critane saka dongeng kancil.
- Wayang Golek, asline saka Jawa Kulon (Jawa Barat), nyritakake lakon ing Mahabarata utawa lelakone Wong Agung Menak (Jayengrana).
- Wayang Wong, critane saka Mahabarata, ditindakake dening wong (kagolong wayang Purwa).
- Wayang Beber, njupuk crita Panji awujud gambar-gambar ing mori kang kabeber, banjur dicritakake.
- Wayang Wahana, critane bab perjuangan saka babad Demak tekan Perang Diponegara.
- Wayang Wahyu, critane gegayutan karo agama Katholik.
- Wayang Perjuangan, critane saka perjuangane bangsa Indonesia wiwit taun 1945, yasane Jawatan Penerangan.
- Wayang Pancasila, padha karo Wayang Perjuangan, mung wujude wayang bae sing beda.
B. Suluk pathetan Slendro 9 iki lagokna niru lagu/pocapane dhalang !
- Sangsaya dalu araras abyor kang lintang kumedhap.
- Titi sonya tengah wengi lumrang gandaning puspita.
- O, . . . .
- Karengwaning pudyanira, O, . . . .
- Sang Dwijawara mbrengengeng.
- Lir swaraning madubranta.
- O. . . . . O. . . . .
119