Kaca iki wis divalidasi
D. Isenana tembung-tembung kang mbangetake tegese !
- Rep sidhem ... tan ana sabawane walang ngalisik.
- Saka kene isih adoh ....
- Prabu Puntadewa iku ratu kang sabar ....
- Cilaka ... aku ora kepethuk wong-wing.
- Banyune anyep ....
- Hawa ing pagunungan iku adhem ....
- Genthonge uwis kebak ....
- Omahe suwung ....
- Barange kabeh ilang ....
- Kojur... aku, ora kepethuk kancaku.
- Adhimu diciweli nganti biru ....
- Banyune kimplah-kimplah bening....
- ambok iya blaka .... bae.
- Rupane gandes ... merak ati.
- Ah panase... kaya ngene.
- Sumurku saiki asat ...
- Sanajan kowe kuwi sugih ... aja pamer.
- Aja padha cecongkrahan, becik padha sayuk ...
- Kitirane tansah 'mubeng' ...
III. PARAMASASTRA
RIMBAG GUNA : EN
- Panambang en kajaba mujudake rimbag agnya, (pakon) uga mujudake rimbag guna, yaiku nelakake kaanan kang ateges: tansah nandhang kaanan, kadunungan.
Tuladha:
— Bokongku wudunen. [= nandhang wudun)
— Awakku gatelen. (= nandhang gatel)
— Kakangku wis jenggoten. (= kadunungan jenggot)
- Apa tegese panambang en ing ngisor iki ?
— Sikile kadhasen.
— Kancaku lelaranen.
— Tembakone wis jamuren.
— Adhike kreminen.
— Aku ketok-ketoken ibu.
— Jambu sauwit uleren kabeh.
125