Kaca iki wis dikorèksi
-
pager wesi → pager-pager wesi
omah sewan → omah-omah sewan
gudhang kopi → gudhang-gudhang kopi
4. Tembung andhahan kang luwih saka rong wanda yen karangkep mung dicekak :
-
tineter → tineter-teter
saolehe → saoleh-olehe
tumimbal → tumimbal-timbal
5. Tembung kang karaketan ater-ater sa, pa, pi, pra, ka (kang nelakake tembung aran) yen didwilinggakake karangkep kabeh (manawa tanpa panambang) :
-
sapele → sapele-sapele
pituduh → pituduh-pituduh
prakara → prakara-prakara
panemu → panemu-panemu
kakasih → kakasih-kakasih
6. Tembung lingga kang oleh ater-ater anuswara didwilinggakake :
-
a. manawa oraluluh, tembunge kang buri tanpa ater- ater :
njupuk → njupuk-jupuk
nggambar → nggambar-gambar
mbalang → mbalang-balang
b. manawa luluh, tembunge kang mburi uga diluluhake
mangan → mangan-mangan
nulis → nulis-nulis
ngukur → ngukur-ngukur
B. Tegese rimbag dwilingga a. kang kagolong tembung aran, tegese warna-warna :
-
— Kabupaten-kabupaten wis padha ana PMI-ne (= saben kabupaten)
— Murid-murid wis padha sinau (= kabeh murid)
— Aku kok kepengin ngemil, golekna nyamikan kacang-kacang kana to. (= upamane/kaya ta kacang).
— Aja sok wani nerak angger-angger (= sing minangka dadi angger)
— Aja seneng njajan saenggon-enggon (= sadhengah enggon).
— Kancaku saklas encik-encik (= sing akeh encik).
b. Kang kagolong tembung kriya, tegese warna-warna :
-
— Liburan kok mung tura-turu bae, bok ya maca-maca (= tansah turu).(= kaya ta maca)
— Yen durung tekan panggonane aja mandheg-mandheg (= kongsi
mandheg).