Kaca iki wis divalidasi
C. Lagu / pocapan
- Ukara-ukara pangajab ing ngisor iki ucapna kanthi lagu kang luwes !
- Muga-muga saya kepenak uripmu ana papan anyar mengko !
- Ana ing papan anyar mengko, muga-muga uripmu saya kepenak !
- Mbok iya padha kabula kang dadi panyuwunmu!
- Anakku sing ana ing paran tansah pinaringana bagas kuwarasan !
- Ya takdongakake, kasembadana kang dadi panyuwunmu !
- Mbok Iya numusi tenan, ya, impenku mau bengi !
- Pinanjangna ingkang yuswa !
- Tinebihna ing sambe kala, cinaketna ing suka basuki !
- Maedahana tumraping ngakathah !
II. KAWRUH BASA
- A. Tembung-tembung iki gatekna, banjur gawenen ukara !
transmigrasi = boyongan pendhudhuk menyang tanah sabrang transmigran = wong-wong sing padha melu transmigrasi lemah cengkar = lemah kang kurang loh sawah = palemahan kang ditanduri pari migunakake oncoran tegal = palemahan kang ditanduri palawija ora nganggo dioncori wekel = sregep, tumemen grenjet = pepenginan kang timbule dadakan perkebunan = palemahan jembar kang digunakake kanggo tanduran mligi (kopi, karet, teh, tebu)
56