Kaca iki wis divalidasi
-
— Buku-buku iku dakwacane (arep dakwaca) dhisik (langgap)
— Buku-buku iku dakwacanane (arep dakwacani) dhisik (tanggap)
— Buku-buku iku dakwacakne (arep dakwacakake) embah. (tanggap)
b. ko (kok, sampeyan, panjenengan. dika)
-
— Gula pasir iki kotimbang ?(tanggap)
— Gula pasir iki koktimbang ?(tanggap)
— Gendhis pasir punika sampeyan timbang(pakon)
— Gendhis pasir punika panjenengan timbang!(pakon)
— Gendhis pasir nika dika timbang !(pakon)
c. di- (dipun)
-
— Celenganku dikepruk adhiku (tanggap)
— Celengan kula dipun kepruk adhi kula. (tanggap)
— Ditresna (tresnaa) marang bapa biyung! (pakon)
— Dieling (elinga) marang wong tuwamu ! (pakon)
2. Manawa dak-, di-, rumaket ing tembung kang oleh swara irung (sengau), nelakake tanduk (aktif), tuladhane :
-
— Dakmaca buku iki. (tanduk)
(Aku, arep maca buku iki)
— Dingreti marang wong tuwa! (tanduk)
(Ngertia marang wang tuwa!)
— Dingati-ati ana paran. (tanduk)
(Ngati-ati ana paran)
B. Tembung tahggkh tripurusa (dak-, ko-, di- ).
-
1. dak-, ko-, di-, iku diarani ater-ater tripurusa (tri = telu, purusa = wong), amarga nelakake manawa kang tumindak
-
— wong kapisan → dak-
dakgawa = aku sing ngga wa
— wong kapindho → ko-
kogawa = kowe sing nggawa
— wong katelu → di-
digawa = dheweke sing nggawa