Kaca iki wis divalidasi
- Tembung lingga kang karaketan ater-ater dak-, ko-, di-, nelakake jejering ukarane nandhang wasesane, mula diarani tembung kriya tanggap (tembung tanggap), tuladhane :
- — dakjupuk, dakjupuki, dakjupukake
- — dijupuk, dijupuki, dijupukake
- — kojupuk, kojupuki, kojupukake
- Arane rimbag mawa dak-, ko-, di-
dakbalang rimbage | : tanggap utama purusa kriyawantah. |
dakbalangi rimbage | : tanggap utama purusa ikriya |
dakbalangake rimbage | : tanggap utama purusa kekriya. |
kobalang rimbage | : tanggap madyama purusa kriyawantah |
kobalangi rimbage | : tanggap madyama purusa ikriya |
kobalangake rimbage | : tanggap madyama purusa kekriya. |
dibalang rimbage | : tanggap pratama purusa kriyawantah |
dibalangi rimbage | : tanggap pratama purusa ikriya |
dibalangake rimbage | : tanggap pratama purusa kekriya |
- Ukara kang wasesane nganggo tembung tanggap, jejering ukara nandhang kriyaning wasesane iku diarani ukara tanggap, tuladhane:
- — Gula pasir iku kotimbang ?
- — Gendhis pasir punika sampeyan timbang ! .
- — Gendhis pasir punika panjenengan timbang !
- — Gambar iki daksawang terus.
- — Gambar punika kula sawang terus.
- — Gambar nika dika sawang terus ?
C. Tembung-tembung kang dikurung iki rimbagen supaya
dadi : tanggap purusa kriyawantah, tanggap purusa
ikriya, utawa tanggap purusa kekriya !
- Bapakmu apa wis (pundhut) sarapan sing ana lemari ?
- Bapak wingi (pundhut) dhuwit dening eyang.
- Omah iki wis (pundhut) bapak setaun kepungkur.