Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/78

Kaca iki wis dikorèksi
WULANGAN 7

I. WACAN

A. Wacanen sajroning batin !
LISTRIK MASUK DESA
Pak Umar : (mlebu omah karo mesem-ngguyu)
Bu Umar : ”Lho, bubar rapat teng Bale Dhusun kok sajak ketingal gumbira. Gek wonten napa ta, Pakne ?”
Siti : ”Inggih, Pak. Bokbilih wonten kabar sae ?”
Bu Umar : ”Empun, Pak. Gek enggal ngendika. Ampun mesam-mesem mawon ngoten niku.”
Pak Umar : (ndudut rokok saeler, diemut, banjur disumet, kumebul ngebaki ruwangan). ”Ngene lho, Bune. Ora suwe maneh desa kene iki bakal kesrambah kemajuwan gedhe. Kemajuwan sing seprana-seprene tansah diarep-arep wargane.”
Bu Umar : ”Kok aneh Paaak, sampeyan niku ! Gek kemajuwan niku kemajuwan napa malih? Dalan gedhe ngge liwat mobil nggih empun onten. Saluran irigasi nggih cumepak.”
Pak Umar : ”Nanging isih ana kekurangane, Bune ! Ya kekurangane iki kang bakal maujud ! Ora suwe maneh !”
Siti : ”Lajeng punapa malih, Pak, ingkang badhe dipun wujudaken benjang ?”
Pak Umar : ”Oalah, Pak! Ming ngoten mawon kok . . . sampeyan niku ndadak mesam-mesem!”
Pak Umar : ”Lho, ora mesem kepriye ta Bune. Desane dhewe sing kulina peteng dhedhet yen bengi, bakal padhang kencar-kencar manawa wis kesrambah listrik.”
Bu Umar : ”Ah, Pak! Wiwit cilik biyen kula ming trima dipadhangi lampu petromak kalih lampu teplok, kok inggih boten pripun-pripun.”
Pak Umar : ”Bune, manawa kabeh nduwe pikiran kolot kaya kowe kuwi gek majune desa iki suk kapan ? Ngertiya, Bune ! Manawa tinemune piranti-piranti listrik mono nggawa kemajuwan kang ngedab-edabi ing jagad iki.”

76