Kaca iki wis divalidasi
Siti | : | ”Inggih leres ngaten, Pak. Pak Guru inggih sampun nyariyosaken kados pundi wigatosipun alat ingkang dipun panggihaken Thomas Alva Edison punika.” |
Pak Umar | : | ”Lha . . . harak bener ta kandhaku.” |
Bu Umar | : | ”Inggih, Pakne. Nanging benjing manawi empun wiwit pasang instalasi lan sabangsane niku rak inggih kedah cucul wragad kangge mbayar ta ?” |
Siti | : | ”Inggih mesthi kemawon ta, Bu! Menapa inggih, purun pasang gratis.” |
Pak Umar | : | ”Bener kandhamu, Siti! Nanging tumrap desa kene ana kaenthengan-kaenthengan. Awit bakal anane listrik ing desa kene iki klebu programe pamerentah, yaiku Listrik Masuk Desa. Lha wragade saperangan antuk bantuwan saka Inpres. Tur war ga anggone ngragadi bisa dicicil.” |
Bu Umar | : | ”Waaah, nggih mathuk, Pakne, manawi ngaten carane. Kula setuju. Lan manawi sampun onten padhange listrik kula kalih gendhuk Lastri rak inggih saged mbathik wanci dalu.” |
Pak Umar | : | ”Lha yakuwi antara liya kauntungane. Lan aku bakal wiraswasta gawe panetesan telur, Bune. Kanthi listrik mengko bisa netesake endhog pitik utawa bebek, tanpa diengkremi babone kaya kang ana saiki.” |
Siti | : | ”Kula inggih saged methik mumpangatipun, Pak. Kula saged sinau kanthi lancar, sawanci-wanci.” |
Pak Umar | : | ”Bener, ndhuk. Apa maneh manawa pekarangan-pekarangan lan pinggir-pinggir dalan wis dipasangi lampu listrik, sabangsane maling-maling kuwi mesthi wedi lumebu desa kene.” |
Bu Umar | : | ”Leres, Pak. Nanging inggih ampun terus lirwa. Dupeh wis ana listrike, turune dikepenak-kepenakake. Banjur sembrana.” |
Pak Umar | : | ”Ah, ya ora mangkono ta, Bune. Kepriye bae sing jeneng Siskamling iya kudu tumindak.” |
Siti | : | ”Lan punika rak inggih kuwajibanipun warga sakampung ngriki ta, Pak ! Boten sepuh boten enem kedah cancut taliwanda njagi keamanan dhusun.” |
77