Kaca iki wis divalidasi
3. Wong wadon kang omah-omah iku wajib bekti marang guru lakine.
4. Bocah sing guru aleman iku lumrahe diece kanca-kancane.
5. Tembang Macapat iku duwe pathokan guru lagu lan guru wilangan.
6. Jaman biyen nagara kang teluk wajib asok glondhong pengareng-areng, guru bakal guru dadi marang nagara kang nelukake.
III. PARAMASASTRA
PANGANGGONE ATER-ATER KA, KE LAN IN
A. Panganggone ater-ater ka
- 1. Pangrimbag
- ka + tulis —> katulis (kriya)
- ka + waca —> kawaca (kriya tanggap)
- ka + arep —> kaarep —> karep (tembung aran)
- ka + arsa —> kaarsa —> karsa (tambung aran)
- ka + sanga —> kasanga (unda-usuk)
- ka + ro —> karo (unda-usuk)
- ka + pinter + an —> kapinteran (tembung aran)
- ka + bupati + an —> kabupaten (tembung aran)
- ka + tulis + i—> katulisi —> katulisan (kriya tanggap)
- ka + jaluk + i —> kajaluki —> kajulukan (kriya tanggap)
Katrangan :
- — Aler-ater ka kang diraketake bareng karo panambang i, panambang i malih dadi an.
- — Tembung-tembung kang karaketan ater-ater ka bisa mujudake tembung kriya tanggap, tembung aran.
2. Tegese ater-ater ka
- a. Nelakake tanggap kang tegese padha karo ater-ater di
- — katulis = ditulis
- — kawaca = diwaca
- — katulisan = ditulisi
- — kajulukan = dijuluki
- — katulis = ditulis
81