Kaca iki wis divalidasi
4. Kowea sing nggarap, ya mesthi ora bisa. Pancen soale sing kleru !
5. Dakparanana, ya ora bakal gelem nemoni ! Wong pancen wiwit biyen
mula oratau gathuk atine !
6. Darta kuwi gelema ujian, rak mesthi bisa lulus !
7. Waja mau jupuken pisan rak kena kanggo gegaman !
8. Kowe mau, ajaa dakgondheli, mesthi sida kecemplung jurang !
II. KAWRUH BASA
A. Tegese tembung-tembung iki gatekna, banjur gawenen ukara !
sultan | = | ratu |
agung | = | gedhe |
kusuma | = | kembang, trahing ngaluhur |
nyakrawati | = | ngereh jagad (ratu agung) |
anyakrakusuma | = | trahing ngaluhur kang ngereh jagad |
peparab | = | jeneng, jejuluk |
dhampar keprabon | = | palenggahaning ratu |
cingak | = | mandeng nahan gan marga gumun |
nayaka | = | pangarep, pangkat sadhuwuring bupati, menteri |
jengkar | = | budhal, lunga |
parekan | = | para nyai ing kraton |
marak | = | seba ngadhep |
jumeneng nata | = | madeg ratu |
ajejuluk | = | jeneng, peparab |
andher | = | padha linggih jejer-jejer |
jumurung | = | nayogyani |
pusaraning praja | = | kendhalining negara, pangrehing Wada |
manggala | = | pangarep |
ngembat | = | ngrembug |
saliring | = | sawernaning |
reh kaprajan | = | peprentahaning negara |
agul-agul ulah kridhaning | = | gegedhug, andel-andel |
perang | = | latihan perang, nggegulang perang |
mandhi tumbak | = | manggul tumbak |
gegancangan | = | rerikatan |
92