Kaca iki wis divalidasi
B. Wangsulana pitakon-pitakon iki!
- Apa tegese istilah ”Caturwarga” ana ing program KB iku ?
- Tumindake program KB iku satemene dadi tanggung jawabe sapa bae ?
- Apa Sababe program KB iku kalebu salah sawijining ayahaning pembangunan ?
- BKKBN lan NKKBS iku cekakaning tembung apa ?
- Proyandu iku cekakaning tembung apa, tujuwane apa lan sapa bae kang kejibah nindakake ?
- Kegiyatane Proyandu iku apa bae ?
- Program ”Caturwarga” iku nduweni ancas tujuwan sing kepriye, coba terangna kang gamblang !
C. Pocapan/lagu
Ucapna sing cetha !
— dielap-elap | — anasebab |
— ati karep | — lagidiusap |
— sasi Rejeb | — uwisijab |
KAWRUH BASA
A. Tegese tembung-tembung iki gatekna, banjur gawenen ukara !
catur | = | papat |
warga | = | anggota |
sejahtera | = | aman, sentosa lan makmur |
kartika | = | lintang |
candra | = | rembulan, sasi |
istingarah | = | prasasat meh, kena diarani |
sukur bage | = | bégja banget dene.... |
mbruwah | = | memangan apa-apa sasenenge |
B. HOMONIM
Homonim iku tembung-tembung kang padha pocapane lan padha panulise, nanging beda tegese.
99