Kaca iki wis divalidasi
- Kanggone manungsa alas iki gedhe banget mumpangate. Coba terangna kanthi gamblang!
- Ngelingi mumpangate alas tumraping manungsa iku apa kuwajiban kita?
- Apa sababe sato-kewan ing alas iku sok nlasak menyang ing padesan?
C. Lagu/pocapan
ukara-ukara iki ucapna nganggo lagu kang luwes !
- Ing wana kathah sato kewanipun, kados ta : sima, liman, bantheng, sangsam, babi, celeng, kethek, lan sanes-sanesipun.
- Sinten kemawon ingkang njarag ngrisak wana, kedah dipun cegah. Awit badhe adamel kapitunan tumraping masarakat ing sakiwa tengenipun.
- Pareden ingkang gundhul boten saged nyandhet toya jawah, njalari wontenipun banjir bandhang. Awit saking punika, kedah dipun wonteni "gerakan penghijauan”.
- Bapak guru nate ngendikan, ”Sing wajib njaga lestarine alas iku iya masarakat.”
- Sinten saged ndongeng edipenining sesawangan ing pareden ?
- Punapa Ali kelu dhateng kadonyan ingkang nggered dhateng bebeka ?
- Gegayuhan ingkang tumuju dhateng kesaenan punika gegayuhan utami, rak inggih ta, Dhimas ?
- Punapa wonten gegayuhan ingkang tumuju dhateng kanisthan?
II. KAWRUH BASA
pertiwi | = | lemah, bumi |
kondhang kaonang-onang | = | kondhang banget |
loh/lwah | = | kali akeh banyune sarta subur |
9