C. Lagu/pocapan
Ukara-ukara iku ucapna kanthi lagu kang luwes !
1. Bapak ngendika, "Mengko. Eyang arep tindak mrene.
2. Bapak ngendika manawa mengko Eyang arep tindak mrene.
3. Bapak dhawuh, "Kowe kudu sinau sing mempeng supaya pinter!"
4. Bapak dhawuh manawa aku kudu sinau sing mempeng supaya pinter.
5. Ibu ndangu, "Apa kowe sesuk arep ulangan ?"
6. Ibu ndangu apa aku sesuk arep ulangan.
7. Eyang ngendika, "Aku sesuk arep tindak Sala."
8. Eyang ngendika manawa panjenengane arep tindak Sala.
II. KAWRUH BASA
A. Tegese tembung-tembung iki gatekna, banjur gawenen ukara !
palagan | = | paprangan |
kompleks | = | klompok |
monumen | = | bangunan utawa panggonan kang penting ajine ing sejarah |
pratela | = | aweh weruh marang |
kancah Perang Donya | = | ajanging Perang Donya |
altar | = | meja kanggo ngunjukake kurban |
pepethan | = | wewujudan teteroning barang |
denah | = | gambar kang nduduhake panggonan |
gelar "supit-uráng" | = | tananam baris "supit-urang" |
longkangan | = | lowahan |
nugraha | = | ganjaran, peparing |
B. Golekna sinonime tembung-tembung kang kandel pangecape ing ukara-ukara iki !
1. Palagan Ambarawa iku dununge ana ing laladan Jawa Tengah.
2. Kutha cilik iki ndarbeni andhil kanggo ngrebut lan ngukuhi kamardikan.
3. Perjuwangane bangsa kita kacetha ing kompleks Monumen Ambarawa.
112