Kaca iki wis divalidasi
Tuladha :
Panca Catur Trusing Tyas (= taun 1945)
54 9 1
Putri Tata Trus Manunggil (= taun 1953)
35 91
Katrangan :
Carane nemtokake angka taun iku saka tengen mangiwa.
Perlune pengetan taun nganggo tetembungan (sengkalan) : — Bisa kasalarasake karo prastawa utawa lelakone wang pinengetan. — Gampang dieling-eling lan angel faline.
Dene tembung-tembung kang kanggo ing sengkalan iku mung tembung-tembung kang dianggep nduweni: watak-wilangan, kaya ta:
— Watak siji | : barang kang cacahe mung siji, barang kang awangun bunder, janma manungsa. |
— Watak loro | : barang kang cacahe loro (mapa tangan, kuping lsp.) |
— Watak telu | : eni, barang-barang. kang mawa geni. |
— Watak papat | : banyu, tembung-tembung kang ateges gawe |
— Watak lima | : buta, panah, angin. |
— Watak nenem | : araning rasa, tembung-tembung kang ngemu surasa, obah, tembung-tembung kang ateges kayu, araning sapada (aseet) |
— Watak pitu | : pendhita, gunung, pitu, nunggang, jaran. |
— Watak wolu | : gajah, kewan rumangkang (reptil). |
— Watak sanga | : dewa, barang-barang kang dianggep bolong |
— Watak das | : tembung-tembung kang ngemu surasa ora ana, langit utawa dhuwur. 114 |