Kaca iki wis divalidasi
3. Kinanthi awatak : asih, tresna, seneng. |
Mathuke kanggo medharake piwulang, nelakake rasa asmara (gandrung) |
4. Pangkur awatak: sereng. |
Mathuke kanggo mituturi lan nelakake rasa asmara (sreg sarwa seneng) |
5. Asmaradana awatak : sengsem, sedhih, prihatin. |
Mathuke kanggo crita kang nelakake rasa asmara. |
6. Maskumambang awatak : nelangsa. |
Mathuke kanggo nelakake rasa pangrasa kang ngeres, nelangsa, karanta-ranta. |
7. Durma awatak : galak, muntab, sereng. |
Mathuke kanggo nelakake kanepson utawa crita perang. |
8. Mijil awatak : asih, tresna. |
Mathuke kanggo mituturi, crita asmara. |
9. Pucung awatak : sakepenake, gloyam-glayem. |
Mathuke kanggo crita kang mung salilahe tanpa ngaya, clewa-clewa. |
10. Gambuh awatak : rumaket, gulet, kulina. |
Mathuki kanggo mituturi kang rada sereng marga wis rumaket |
11. Megatruh awatak : sedhih, nglokro. |
Mathuke kanggo nelakake rasa getun, nalangsa, karanta-ranta. |
12. Balabak awatak : sembrana parikena |
Mathuk kanggo crita kang mung sakepenake. |
13. Girisa awatak : wanti-wanti. |
Mathuke kanggo pitutur kanthi pamanti-manti. |
14. Wirangrong awatak : mrabu, mrabawa. |
Mathuke kanggo nelakake rasa sedhih marga kasengsem. |
15. Jurudenung awatak : nenes-kenes. |
Mathuke kanggo ing crita kang isi peprenesan. |
C. Tugas
Watake siji-sijining tembang ing dhuwur iku cocogna karo tembang-tembang apalanmu !
__________***____________
130