2. Layang ulem
ULEM ULEM
Nuwun wiyosipun, kula, ngaturi uninga dhateng penjenengan/sekaliyan, bilih boten wonten alangan satunggal punapa, benjing dinten Rebo Kliwon, tanggal kaping 15 Sawal 1921 utawi kaping 21 Mei 1989 punika, kula badhe ngemah-emahaken anak kula estri pun Rochani angsal pun Siswaya, anakipun sadherek Darmabrata, wedana Wanagiri, dene kepanggihipun dipun angkah jam 10 enjing.
Ingkang punika panjenengan/sekaliyan kula suwun rawuh ing griya kula, kampung Timuran no 22 Surakarta, perlu kula suwun njenengi kepanggihipun penganten, punapa dene kaparenga
maringi berkah pangestu wilujeng dhateng anak kula penganten kekalih wau sumrambah dhateng sadayanipun.
Wusana sanget ing pangajeng-ajeng kula menggah rawuh panjenengan/sekaliyan wau.
Sala, 16 Mei 1989
Taklim kula kekalih.
Bratajaya.
3. Layang kitir
Kitir.
Wiyose mas, yen ndadekake keparenging penggalih lan yen ora kagem piyambak, aku nyuwun ngampil kagunganmu sepedha, arep tak enggo lungan menyang Sragen, perlu tilik sedulur
kan lagi lara. Dene enggonku ngondurake sesuk sore.
Klaten, 21 Juli 1989
Rayi
Sukamto
133