B. Layang-layang Jawa Kuna kang kagolong enom
— Brahmandhapurana (kakawin)
— Kunjarakarna (kakawin)
— Negarakertagama, dening Empu Prapanca (1365),
jamane Prabu Hayam Wuruk (1350 — 1389).
— Arjunawijaya (kakawin) dening Empu Tantular
— Sutasoma utawa Purusasanta (kakawin) dening Empu Tantular,
jamane Prabu Hayam Wuruk.
— Partayajnya (kakawin), barakane Sutasoma.
— Nitisastra (kakawin), jaman Majapahit pungkasan.
— Nirarthaprakreta (kakawin) taun 1459.
— Darmasunya (kakawin), anggitan (taun 1382/1418)
— Harisraya (kakawin), anggitan taun 1574 M.
C. Layang-layang Jawa basa Jawa Tengahan
Kang diarani basa Jawa Tengahan iku grebane basa Jawa kang ana ing anta-
rane Basa Jawa kuna lan Basa Jawa jaman saiki.
1. Layang-layang adhapur gancaran
— Tantu Panggelaran, anggitane pandhita dhusun jaman mumbul-
mumbule Majapahit, nyritakake anane gunung-gunung ing tanah Ja-
wa. ;
— Calwanarang, anggitan jaman Prabu Erlangga.
— Tantri Kamandaka, anggitan jaman mumbul-mumbule Majapait
— Pararaton, anggitan jaman Majapait pungkasan.
2. Layang-layang adhapur kidung
— Dewaruci (tembang gedhe)
— Sudamala, anggitan wong padesan
— Kidung Subrata (1541 M)
— Panji Anggreni (1801)
— Sri Tanjung
D. Layang-layang Jawa Ing Jaman Islam :
1. Layang-layang kang nganggo basa Jawa Tengahan
— Suluk Sukarsa (sloka), anggitane para wali
— Koja-jajahan (tembang macapat)
2. Layang-layang kang nganggo basa Jawa anyar
— Suluk Wujil (tembang), anggitane Sunan Bonang
— Suluk Marang Sumirang (tembang), anggitane Sunan Panggung.
— Nitisruti (tembang), anggitane Sinuhun Seda Krapyak.
— Nitipraji (tembang), anggitane Sultan Agung (1641)
— Sastragendhing (tembang), anggitane Sultan Agung.
— Sewaka (tembang), anggitan Jaman Amangkurat |
— Menak Kartasura (tembang)
17