tinon saking mandrawa pindha podhang areraton Podhang —
wus ngarani arang peksi, areraton — areroyoman. Kang busana
ireng kumpul padha langking, tinon saking mandrawa pindha
gagak areraton, kadya peksi gagak areroyoman.
Baleduging lampah peteng angampak- ampak angendanu
pindha mendhung.
Mangkana ta lampahing wadya bala Pandhawa wus prap-
teng laladan Kurusetra kang minangka dadi ajanging prang
mbrastha durangkara. Para wadyabala Pandhawa sare makar-
ya yasa pes kinarya palereman.
B. Wangsulana kang pratitis.!
- Apa sababe dene Bharatayuda ora bisa diwurungake ?
- Perang Bharatayuda iku perange sapa bae ?
- Budhalan wadyabala Pandhawa iku saka ngendi menyang
ngendi ? - Sing digambarake kaya pletheking srengenge kang nje-
dhule saka ing sagara iku apa ? - Kang digambarake kaya dene semut mlaku ana ing watu
iku apa ? - Kang digambarake kaya dene lintah sewu padha pating
krelap ing banyu iku apa ? - Apa sing digambarake kaya talethoking banyu ana ing alas
pejaten iku ? - Lakune wadya bala Pandhawa iku nyata ora wor suh.
Buktine apa ? - Bareng wis tekan laladan Kurusetra, wadyabala Pandhawa
apa banjur terus perang ?
C. Pocapan / panulisan
1. Ucapna sing bener !
ceceg-ceceg — ana cecak
sentig-sentig — lenga klentik
pikiran judheg — laraputhek
nabuh bedhug — menyang wadhuk
badan wadhag — uwis cedhak
tuku karag — uwis cerak
nganti wareg — kancane burek
23