Kaca iki wis divalidasi
Lingga | Rinaketan um | Pakecapane |
---|---|---|
wetu | um + wetu → umetu | metu |
wijil | um +wijil → umijil | mijil |
wuwus | um + wuwus → umuwus | muwus |
pesat | um + pesat → umesat | mesat |
pati | um + pati → umati | mati |
- Goleka tuladha liyane nglima bae !
4. Seselan um kang rumaket ing tembung kang apurwa b, b. iku dadi g kaya ta:
- bagus. → bumagus → gumagus
- brebeg → brebeg._ → gumrebeg
- blendre → bumlendre → gumlendre
5. Seselan um iku ing pakecapan sok owah dadi em :
- tumurun → temurun:
- gumandhul → gemandhul
- kumaki → kemaki
C. Tegese seselan um:
- Pitike wis kumanggang (= lagi sedheng-sedheng dipanggang)
Dagane wis rumujak (= lagi sedheng-sedheng dirujak) - Kowe aja sok gumedhe (= duwe anggep gedhe)
Aja sok kuminter (= duwe anggep pinter) - Banyune gumrujug (= duwe sipat swara grujug)
Manuke lagi kumedom (= duwe sipat edom) - Kula saweg dumugi (= dirasa luwih ngajeni tinimbang dugi)
Mangke rumiyini (= luwih ngajeni tinimbang riyin) - Kula trimah sumisih (= tumindak ana sisih)
Kula ingkang gumujeng' (= nggujeng)
D. Latihan
Tembung-tembung kang dikurung iki rimbagen nganggo seselan um, banjur tegesana pisan !