Kaca iki wis divalidasi
Purwanto | : | "Oiya. Setuju aku ! Wis saiki ayo mangkat bareng. Kak Solikhin wis nunggu regune dhewe ing ngarep sekolahan kana.” |
Badri | : | “Iya ayo ! Ja lali lho ! MengKo aku dielingake ! Njupuk cathetan Dasa Dharma ing kelas !" |
Sutomo | : | "Bereees...” (Bocah papat banjur padha mangkat bebarengan). |
B.Wangsulana pitakon-pitakon iki !
- Piranti apa bae kang kanggo kaperluan Persami iku ?
- Kepriye carane nganakake Pieri pang kang dibutuhake iku ?
- Piranti-piranti dhapur sing diperlokake isih kurang siji. Apa kuwi lan sapa sabenere sing kajibah nggawa?
- Sapa sing ngganepi kekurangane piranti dhapur iku ?
- Sapa sing dadi Ketua Regu ing Persami iku ? Kepriye kalageyane ?
- Sapa sing disapa "Tuan Besar” iku lan kepriye anggone naggapi?
- Sapa sing nggawa peso dhapur ?
C. Lagu / pocapan
Ukara-ukara pitakon iku ucapna nganggo lagu sing luwes !
- Priye Tom wis kok siyapake kabeh gawanmu ?
- Apa gawanmu wis kak siyapake kabeh, Tom ?
- Gawanmu apa wis kok siyapake kabeh, Tom ?
- Utawa tinimbang nganggur apa ora luwih becik kanggo golek dandang ?
- Utawa tinimbang nganggur, apa ora luwih becik kanggo golek dandang ?
- Apa ora luwih becik kanggo golak dandang, tinimbang nganggur ?
- Wah, kowe kok ya pinter temen ta, Badri ?
- Rak luwih becik. kangge golek dandang, ta, tinimbang nganggur ?
- Apa ora luwih becik kanggo golek dandang, tinimbang nganggur ?
61