Kaca:Mayangsumirat.pdf/11

Kaca iki wis divalidasi

gènipun ambyur ing jagading kasustran Jawi. Kados sampun dipunandharaken piyambak déning swargi ing pengantar buku menika, bilih taksih kathah karya-karyanipun ingkang penting nanging dèrèng dipunbukokaken. Mugi-mugi ing salajengipun, karyanipun tokoh sastra Jawi punika saged dipunterbitaken dados buku.

Ing wasana, asesanti mikul dhuwur mendhem jero dhumateng kiprahipun Bapak Muryalelana, mugiya ing kalanggenan swargi pikantuk karahayon. Dhumateng Ibu Muryalelana, katuraken matur nuwun awit sampun mitadosaken buku menika dipunterbitaken dening Balai Bahasa Yogyakarta. Nuwun.


Ngayogyakarta, 29 Oktober 2012


Drs. Tirto Suwondo, M.Hum

x

~ antologi geguritan; MAYANGSUMIRAT