Kaca:Mayangsumirat.pdf/12

Kaca iki wis divalidasi

Aturé Édhitor


Mboten kathah ingkang saged kula aturaken gegayutan kaliyan seratan guritanipun Bapak Muryalelana ingkang dipuntengeri Mayangsumirat punika. Saèstunipun, naskah antologi geguritan punika sampun 10 (sedasa) taun kepengker kula tampi saking Ibu Muryalelana ing dalemipun ing Jalan Diponegoro, Ungaran, Semarang. Sakawit, kula dalasan sauntawis kanca ndhèrèk bélasungkawa awit sédanipun Bapak Muryalelana tanggal 3 Juni 2002. Nanging, kabekta ing kabar ingkang randhat katampi, saweg tanggal 4 Juni 2002 saged sowan. Sasampunipun punika, nalika badhé wangsul, Ibu Muryalelana masrahaken naskah ketikan ing kertas cd. Wosipun, mugi-mugi wonten ingkang kersa nerbitaken. Inggih saweg sapunika gegebengan suwau kaleksanan kanthi lairipun buku antologi geguritan Mayangsumirat. Judhul antologi menika inggih asli kados ingkang dipunserat swargi ing naskah.

Antologi Mayangsumirat punika rampung dipunsiapaken déning Bapak Muryalelana ing Ungaran, nalika tanggal 12 Mei 1986. Éwasemanten, ngantos sédanipun (2002), sajakipun, naskah punika dèrèng pikantuk penerbit. Senajan makaten, prakawis menika mboten dados reridhu

Muryalelana ~

xi