Kaca:Mayangsumirat.pdf/24

Kaca iki wis divalidasi

éman


sing nglongkong musthikaning jagad raya

sing nyengklèng tetondhéning para hapsari

ora wanuh ruweting épistemologi

fénoménologi

logikané suwung ngalaya ing awang uwung

mung rasané sing rumangsa éwa

lamun katon priya sinangga krama

sing nglongkong cakepan parijatha

sing nyengklèng kinanthi gandamastuti

ora pandak ngidak kanyatan

tuwas ndaleming édan dadakan

dadi layadan

éman

jaman kamardikan


-000-


karanggeneng, 18 pebruari 1985


Djaka Lodang, No. 681 Th. XV

Sabtu Kliwon 5 Oktober 1985, kaca 35

Muryalelana ~

7