Kaca:Mayangsumirat.pdf/82

Kaca iki wis divalidasi

Kalawarta Candrakirana lan Gumrégah kang metu ing Surakarta iku dhèwèké uga mèlu pus-pus njapani. Candhaké nggawé kalawarta wulanan basa Jawa ditengeri Pustaka Candra, metu ing Semarang. Bebarengan karo Ki Nartosabdo lan Mulyadi Purwoatmodjo B.A. sing karo-karoné sesepuhing Yayasan Permadani Jawa Tengah, ngadani kursus pranatacara lan medhar sabda ana ing Semarang lan Purwadadi, Grobogan. Ing taun 1983, marga tulisané sing wujud éséi sing ngrembug buku Dongèng Sato Kéwan anggitané Prof. Dr. Priyono Windunata, tilas Menteri P dan K sing diwetokaké déning penerbit Balé Pustaka Jakarta, nampa hadhiah saka Proyek Penelitian dan Pengembangan Kebudayaan Jawa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan (Proyek Javanologi) sing mapan ana ing Ngayogyakarta. Tulisané iku mau kapacak ana ing kalawarta Djaka Lodang. Tulisané sing diecap dadi buku asesirah Unsur Religius dalam Sastra Jawa diwetokaké déning Penerbit C.V. Aneka Ilmu, Semarang, taun 1986. Kajabané iku, uga buku Penggalang Bahasa Indonesia lan Candra Sastra.

Pakaryané kang baku tansah gulet karo donyaning pendhidhikan. Merga sertipikaté sertipikat guru. Ing taun 1978-1983 naté kapiji mimpin Proyek Pembinaan Bahasa dan Sastra Daerah Jawa Tengah déning Kantor Wilayah Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Jawa Tengah ing Semarang.


(kapethik saka buku Taman Sastrawan (1990), karyané Dojosantosa, kaca 45-46, Penerbit C.V. Aneka Ilmu, Semarang).

Muryalelana ~

65