Kaca:Murkane Ibu.pdf/100

Kaca iki durung katitiwaca

Bulrma, nanging pancen dhasare Bagusnduweni sifatangel ngalah, mula dheweke durung bisa nglakoni iku.

Sawijining dina, seminggu sawise prakara Bagus lan Bu Irma, kanyata ing jam piwulangan basa Jawa, piyambake ora rawuh ing kelas. Kanca-kancane Bagus padha bingunglan uga ana sing seneng amarga jam piwulangan basa Jawa kosong.

“Wah, jam basa Jawa kosong apa gurune pancen duka?”, pita- kone Dian.

“Banjur kepriye apike”, sautane Rima. epriye yen menawa kita rembug sakelas bebarengan karo wali kelas kita Bu Ismayani”, tembunge Andi.

“Wah, apa kuwi ora bakal ngrepotake kanca-kanca? Ing praka- ra iki sing salah pancen aku,” jawabe Bagus rumangsa salah. owe ki aja kaya ngono!” Aku lan kanca-kancamu iki kok angep apa? Kita iki wis kaya sedulur dhewe, endi ana prakara utawa masa- lahe wong siji bakal dirampungake bebarengan.” pocape Dian.

Bagus katon sumringah, dheweke banjur krasa ora dhewekan ngrampungake perkarane.

“Terus apike aku kudu kepriye?”, takone Bagus.

“Nah, ngene wae..aku, Bagus lan Rima ngadep menyang Bu Irma. Kita padha ngrembug perkarane,” usule Dian.

“Wah, aku ora setuju!, saute Andi.” Miturutku, Bagus ora salah, pancen guru basa Jawane sing ora pas anggone mulang,

“Kepriye yen awake dhewe sakelas sing ngadep guru basa Jawa banjur ngrembug kepriye genahe piyambake mulang”.

“Yen mengkono, aku sing ora setuju, kaya-kaya iku ngadili puru, kanggoku pancen ora adil” saute Irma.

“Uwis-uwis.. aja padha saurmanuk dhewe. Luwih becike sing gadep Bu Irma mengko aku, Rima, lan Surya. Aku lan kanca-kanca bakal ngrembug becike piye. Nanging uga bener kandhane Rima amarga menawa sing ngadepi Bu Irma iku sakelas, kaya-kaya awake dhewe padha ngadili lan mojokake piyambake”.

“Eh,,mengko dhisik...! Aku ya melu ngadep Bu Irma. Lha kok bisa mengkono?” protese Surya sing kawit mau ora melu pirembug- an amarga lunga ing kantin.

“Yen dipikir-pikir saumpama sing ngadep iku Bagus, mestine yaBagus sing bakal di salah-salahke. Aku milih kowe kanggo nggen-


> “Murkane Ibu” ee 91