Kaca:Murkane Ibu.pdf/101

Kaca iki durung katitiwaca

teni Bagus amarga miturutku kowe sing pas angone omongan,” pungkasane Dian.

“Ya, menawa iku apike lan kanggo kancaku dhewe, bakal dak lakoni,” dibarengi Surya sing mliriki Bagus.

“O.. .iya, ajalali uga ngaturi Bu Isma supaya gelem ngrawuhi pirembugan kita lan Bu Irma. Piyambake bakal dadi panengah supa- ya kabeh bisa ngrampungake kanthi adhem ayem”, elinge Dian.

“Terus kapan kita arep ngadep Bu Irma?” takone Surya.

“Kanca-kanca ...aku mau wis ngadep karo Bu Isma, satenane piyambake wis sisik-melike perkara sing lagi anaing kelas kita. Mula mengkono, piyambake langsung kersa dadi panengah kita,” panje- lase Rendra.

“Wah.. goodiku,” pocape Adi nganggologat basane wong Landa.

“Supaya kabeh cepet anggone mrantasi perkara iki, wis ageya cekat-ceket,” kandhane Dian.

“Nanging banjur kepriye piwulangan geografi kanga rep kawi- witan sadhela meneh?” pitakone Bagus.

“Aja padha kuwatir, mau Bu Isma dhawuh supaya nyuwun idi kanggo bocah 3 sing melu pirembugan mau,” jelase Rendra.

“Wah, iku wis cip, oke banget, manging sik mengko disik...! Saure Dian kang ngendekake lumakune.

“Ngapa? Wis aja diundur meneh...!”

“Aja padha kesusu, kita uga kudu mikirake apa sing bakalan kita omongake ing pirembugan mengko,” usule Dian.

“0, iya, bener iku, aja nganti kita malah salah wangsulan, ban- jurmalah disalahake. Hmm... apike kita ngrembug bab cara-carane Bulrma anggone mulang lan maringi tugas kang nyebabake perkara antara Bagus lan Bu Irma.

“Wis, sarujuk aku marang panemumu...” pocape kanca-kanca bebarengan.

Telung puluh menit wektu wis kapungkur. Dian, Surya lan Rima ketemu Bu Isma lan Bu Irma kanggo rembugan, saengga ora melu piwulangan geografi. Let sadhela, Surya banjur mbalik ing kelas nangingmung dhewekan. Mlaku kanti alon, mbalik ing papan lung- guhe, dheweke banjur ngundang Bagus.

“Gus...kowe didhawuhi ana ing pirembugan kana”.

Kanthi ati kang ora keruan, dheweke menyat saka papan lung- guh lan nggeblas metu saka kelas. Sawangane para kanca ngiringi

92 > Antologi Crita Cekak ee