Kaca:Murkane Ibu.pdf/102

Kaca iki durung katitiwaca

jumangkahe Bagus ing kelas banjur padha glesik-glesik siji lan siji- ne.

Satekane ing ruang siswa sing dadi papan parembugan.

“Kula nuwun...” bagus ngucap salam dibarengi notho lawang,

“Tya. langsung lungguha mrene,” ngendikane Bu Isma” Lang- sung wae supaya ora mbuwang wektu.”

“Leres Bu...,” jawabe Bagus.

“Apa sing nyebabake Bagus bisa omong elek minggu wingi marang Ibu?”, pitakone Bu Irma.

“Nah, Ibu mestinipun sampun mangertos, pripun caranipun panjenengan maringi piwucal lan maringi tugas ingkang kathah sanget. Punapa ibu inggih mboten menggalihaken murid-murid inkang sampun sayah,” terange Bagus.

“Iya,,,Ibu mangerti, Ibu njaluk ngapura, nanging kabeh iku kanggo apike kita kabeh,” panjelase Bu Irma.

Kahanan katon nyenyet. Pirembugan sasuwene kira-kira se- tengah jam. Sarampunge pirembugan mau, Irma, Bagus lan Dian menyat mbalik ing kelas. Para kanca wis siap padha ngrubung lan padha takon.

“Wis, wis, sabar...aja padha grusa-grusu, karepe wong telu iki nerangake kahanane mau. Kepriye benere kabeh,” kandhane Rendra katon tumindak wicaksana.

“Mulane,,kabeh padha nglimban g-nglimbang ana ing pamikir- ane dhewe-dhewe sing dianggep bener. Nanging enthek-enthekane bisa karembugan kanthi adhem ayem,” jelase Dian.

“Banjur apa bisa sawise pirembugan iki, apa bakal ana bedane anggone cara mulange Bu Irma?', takone Andi.

“Muga-muga wae, ora ana sing ngerti tembe ngarep, tunggu wae wektu mbesuke.”

“Wah..Bagus bisa nyuwaraake suwarane para kanca, yo..ana positifelah.” pocape Rendra.

“Wah, ya ora kaya ngono, ndhek wingi aku mung lagi khilaf wae,” jawabe bagus.

“Huuuuuuuuuuu......,” kanca-kancane Bagus padha nyoraki lan ngunyeli sirahe Bagus.

anus

> “Murkane Ibu” ee 93