Kaca:Murkane Ibu.pdf/104

Kaca iki durung katitiwaca

Tanggap Warsa (Ulang Taun)

Jeisna Priyanti SMA Negeri 1 Kokap, Kulonprogo

kd

A | ripatku rasane wis abot banget, lengket, nanging tugasiki kok ung rampung. Menawa nganti ora rampung, sesuk esuk

bakal dadi masalah. Yen makalahku ora dadi lan aku ora bias pre- sentasi anaing kelas, wah bias-bisa aku kudu mbaleni. Wahhhhh..... jan abot banget. Nanging aku banjur gumregah lan mesem dhewe. Aku ora kena sambat lan ora kena rumangsa abot.

“Sinta, lagi ngapa iki? Wis rampung pa makalahe?” pitakone Ani sawise aku ngangkat ponselku sing kedhip-kedhip.

“Iya An, iki meh rampung kok. Eh, sesuk aku direwangi ya?”

“Beres Sin, siapno pitakonan kanggo aku ya. Sesuk aku bakal takon lan sliramu wis siap jawabane.”

“Kok tumben An, sliramu apikan. Apa bayarane?” pitakone Sinta.

Aningguyu lakak-lakak krungu guyonanku. Ani kanca kenthel wiwit sepisanan mlebu SMA tekan saiki aku kuliah.

“Sin, aku mung pengin mbok kancani. Sesuk malem minggu nanggone kancaku amarga kancaku tanggap warsa (ulang taun) sing kaping 17 (pitulas). Aku ora duwe kanca. Mulane kowe gelem ta ngancani aku?”

“Tanggap warsa? Apa kuwi An tanggap warsa?”

“Iya, tanggap warsa iku ulang taun. Kancaku rikala SMP sing jenenge Datik sesuk pas malem minggu tanggap warsa utawa ulang taun. Aku ora duwe kanca, gelem ta kowe Sin ngancani aku?”

“Wah yen aku ya mesthi gelem wae ta ngancani kowe.”

Ani pancen saiki lagi ora duwe pacar. Malah lagi telung sasi iki pacare kang kayungyung wanita liya. Atine isih lara sanajan

> “Murkane Ibu” ee 9295