Kaca:Murkane Ibu.pdf/108

Kaca iki durung katitiwaca

Wektu iku ora suwe, Tejo langsung ngomong marang Naning. Menawa dheweke seneng marang Naning, lan dheweke bakal diajak bebrayan nganti sesuk sak lawase. Pas wektu malem Kemis, Tejo nglamar Naning, Dina iku, ing wayah sore, Naning didukani bapak lan ibune jalaran anggone nglamar Tejo dadakan.

Naning rumangsa yen awake isih bocah, durung wayahe bebrayan.

“Wong ya, aku isih bocah, durung bisa apa-apa, wis dikon be- brayan, bebrayan karo wong sak umurane bapakku dhewe. Dhe- weke pantese dadi bapakku. Iki malah dadi calon bojoku. Aku iki isih sakumure jagung,” ngono panguneg-unege Naning ana ing kamar.

Anaing wektu malem Minggu, Naning iseng-iseng dolan ana ing omahe budhene, tangga desana. Ana ing kono, Naning padha ditakoni karo kanca-kancane.

“Jare wis arep rabi Ning? Dadi ibu-ibu, no?” ngono pitakone Rudi.

Naning mung mesem lan tanpa wangsulan babar pisan.

“Kowe ki wis arep duwe bojo? Apa kowe wis siap dadi wong tuwa? Apa ora kesusu, Ning?” pitakone budhene marang Naning,

“Kula piyambak mboteb mangertos, kok Budhe? Dos pundi mangke.” ngono wangsulane Naning,

“Ora ngerti kepiye ta Ning, wong sing bakal nglakoni kowe dhewe, kok ora ngerti?” Rudi melu nyalahake Naning,

“Embuh, Mas. Apa iki pancen wis nasibku, sing kudu tak la- koni.” wangsulane Naning,

“Bocah durung bisa sisi kok wis arep omah-omah. Malah rabine wae karo wong sing sak umure bapakne, sing kudune pantes dadi wong tuwamu.” Rudi nuturi.

“Ning, aku iki Budhemu, ngrungokake omongane wong-wong kuwi, aku mesakake kowe. Mergane kowe ki isih bocah cilik durung ngerti thek-kliwere wong omah-omah.” ngono pituture ibune.

Ora krasa yen anggone dha jagongan iku wis suwe. Ora krasa ugamenawajam wis nuduhake wanci jam lima luwih. Naning bali. Tekan ngomah terus mlebu kamar. Dheweke tansah mikir apa sing dikandhakake kanca-kancane. Pancen iku akeh benere.

Sak baline seka ngomahe budhene, Naning terus melbu ing ka- mare. Bapak lan adhi-adhine ana ing pawon. Bapake nakoni Naning sambi nesu.

> “Murkane Ibu” ee 99