Kaca:Murkane Ibu.pdf/109

Kaca iki durung katitiwaca

“Naning! Kowe kuwi jan-jani seka ngendi?”

“Kula saking dolan.” wangsulane Naning,

“Dolan nengnggone sapa? Karo sapa?” pitakone bapake sateruse.

“Dolan nggenipun Budhe, kalih kanca-kanca, Pak.”

“Neng kana, ngapa kowe?”

“Mboten napa-napa, Pak. Namung linggihan sinambi gegu- yon.” wangsulane Naning semu wedi.

“Bocah wadon wis arep duwe bojo, wayah bengi isih kluyur an?” ngendikane bapake semu mbesengut pasuryane.

Naning mung meneng wae tanpa semaur bkaro nangis kese- segen jalaran saking wedine.

Nuju pengumuman kelulusan SMP, dheweke rumangsa yen awake lan pikirane ora kepenak, ditambah pikirane sing ora sreg, karo Tejo. Ana telung ndina pikirane bunek. Dina candhake, dhe- weke wis pulih meneh awak lan pikirane. Dheweke lunga. Lungane Naning cethane nglungani Tejo, dheweke bali kira-kira jam pitu bengi.

Mangerteni yen Naning lunga jalaran Tejo arep mara, wong tuwane nesu. Dheweke disengeni nganti bengi. Bapake nyuarani werna-werna. Merga ura kepenak ing ati lan ora srege karo Tejo, Naning saben dina lunga seka ngomah. Dheweke ora mesthi bali mulih. Turune mana omahe sedulur-sedulure.

Nalika turuana omahe budhene, Naning digoleki bapake karo Basuki.

“Ning! Ayo bali! Turu ngomah wae, kaya ora duwe omah!” pangajake bapake karo nesu.

“Kula mboten ajeng wangsuk, Pak. Kula tilem nggene Budhe mawon.” wangsulane Naning karo nangis.

“O..., ngono kowe. Yoh, kowe nek arep turu kene. Ora apa- apa, ning sesuk kowe kudu bali, wong ngomah padha nggoleki kowe!”

“Nengkene ya ora apa-apa kok, Dik. Wong ya ana nggone Budhe- ne. Naning ora bakal lunga neng ngendi-endi, kok.” pambelane Bu- dhene.

“Nek ngono, aku tak bali karo bapak! Aja lali seusuk kudu bali, ya!” Basuki melu ngandhani Naning,

Ora suwe bapake lan Basuki bali karo rasa atine grundelan, merga Naning ora gelem diajak bali.

Saben arep turu, Naning tansah nangis lan pikirane susah. Kaya ngene iki dilakoni Naning saben bengine, uga ing wayah awan.

100 = Antologi Crata Cekak ee.