Kaca:Murkane Ibu.pdf/11

Kaca iki wis dikorèksi

“Ya, ampun Ri kowe kok ya tega ta karo Arga?” wangsulane Ekak.

“Halah ..., ya ben! Jeneh njelehi. Lha wong dikandhani kon methuk aku, kok malah nganggo telat barang! Mbuh lungo karo bocah wadon ngendi maneh?” Ari nesu-nesu sakarepe dhewe.

Astagfirullah Ri! Mbok kowe ki aja ngono ta. Ya paling mau bisa uga merga montore macet pa ngapa kek. Aja sok suudzan dadi wong kuwi, ora apik dadine!” Ekak tansah ngandhani Ari.

“Ah, luweh! Ra tak pikir” wangsulane Ari.

Bocah loro mau banjur padha katungkul anggone padha omong-omongan nganti ora krasa yen wis padha wayahe mudhun saka bis. Sawise mudhun saka bis Arga nyegat Arilan Ekak sing lagi padha mlaku arep bali.

“Ri, keneng apa ta, kowe kok nesu karo aku?” pitakone Arga marang Ari.

“Lha ya embuh. Pikiren dhewe!” wangsulane Ari karo mrengut.

“Ngene lho Ga, kowe mau rak telat le methuk Ari kuwi” Ekak melu-melu nyaut.

“O...walah, kuwi ta Ri? Tak omong ya Ri. aku mau ki kon ngeterke Ibu nileki bulikku sing lagi opname ana ing rumah sakit Ri?” Arga banjur menehi katrangan marang Ari.

“Halah... paling ya mung ngeterke bocah wadon liya ta?” wangsulane Ari.

“Dadi kowe ra percaya karo aku ta Ri?” Arga wangsulan.

“Ora ....! Ngapa?” Ari tambah nesu wae.

“Hop....! Ekak mbiyantu pasulayane wong loro mau.

“Wis, saiki ngene wae kowe wong loro padha salaman! Wiwit saiki kudu padha akur maneh!” Ekak tansah menehi solusi.

“Ya wis Ri, saiki aku njaluk ngapura ya merga aku kasep anggone methuk kowe! Aku ngakoni salah, nanging aku ya wis kandha saknyatane yen aku mau kudu ndherekake ibuku saperlu tilik ana ing rumah sakit.” wangsulane Arga.

“Ya, yen merga kuwi sing njalari kowe telat methuk aku. Yen ngono aku ya njaluk ngapura merga wis ndakwa kowe sing ora-ora.” wangsulane Ari.

Sawise padha akur, Ari lan Arga banjur matur nuwun karo Ekak amarga dheweke wis mbiyantu ngrampungke masalahe wong

2

Antologi Crita Cekak