Kaca:Murkane Ibu.pdf/110

Kaca iki durung katitiwaca

Dheweke tansah mikir nasibe kang bakal dilakoni. Dheweke nganti ora doyan mangan, rasane lungkrah, lesu, lan mbedhokol atine saben-saben disengeni wong tuwane. Atine ora kuwat ngrasakake lelakon iki. Dheweke ora bisa ngomong apa-apa, anane mung me- neng wae lan nagis.

Ngepasi wektu Magrib, kanthi lelakon kaya mengkono kuwi, dheweke ora bisa mikir kanthi bening. Malah ana ing pikirane ka- wetu pengin mati ngalu.

Wong tuwane Naning nduweni rasa kang ora kepenak ma- ngerteni kahanane anake wadon kang saben dinane mung meneng lan nangis.

Bapake lunga. Golek wong tuwa (dhukun) sing bisa nentrem- ake atine Naning.

“Bocah iki ora apa-apa. Ora ana sing kepriye-priye.” kandhane Mbah Dhukun.

“Napa niku leres, Mbah?” pitakone bapake Naning kaya ora percaya.

“Temenan. Bocah iki ora apa-apa. Ora ana sing ngangslupi.” Mbah Dhukun nenrangake.

“Naging, bocah niki wonten nggriya namung kendel mawon lan nangis, Mbah?”

Sawise kedadeyan kuwi, Naning saben dina mung lunga dolan. Wongtuwane lan adhi-adhine padha nggoleki nganti ora nyambut gawe. Sore iku Naning neng omahe budhene. Nneg kono Naning crita apa sing dilakoni ana ing ngomah.

“Ning, kowe ki kena apa, kok sajak lungkrah temen awakmu?” pitakone budhene.

“Inggih, Budhe. Kula nembe mboten saget mikir.” wangsulane Naning.

“Kena apa, Ning?” pitakone budhene.

“Kula mboten saget nglampahi lelakon menika, Budhe. Kula mboten saget nglampahi bebojoan kalih Tejo, Budhe.” wangsulane Naning.

“Wo..., kuwi ta, Ndhuk.” budhene semu kaget.

Udakara jam enem sore, Santa bali saka dolan. Dheweke ngan- dhani Naning supaya ora banget-banget anggone mikirake lelakone wektu iki, mengko malah setres. Nalika bali Naning wis dipapag bapake kanthi pasuryan kang nesu.

> “Murkane Ibu” ee 101