Kaca:Murkane Ibu.pdf/112

Kaca iki durung katitiwaca

Banyu iku supaya diraupake marang anake, Naning,

Anaing wektu kang sela, Naning dolan neng omahe budhene. Budhenengati melu dinesoni karo wang tuwane, dikira melu-melu ngandhani Naning supaya ora gelem karo Tejo.

“Ning, aku wingi diwelingi Rani, kowe kon neng ngomahe Rani.” ngono budhene ngandhani Naning,

“0, ngaten Budhe. Menawi ngaten, kula tak mrika sak niki.” wangsulane Naning karo pamitan budhene.

Anaomahe Rani, wong loro mau padha omong-omongan nga- lor-ngidul sing dirembug, Dumadakan kancane teka mrono.

“Gun, kowe reneya tak kandhani.” panyeluke Rani.

“Ana pa, ya Ran?” wangsulane Gun.

“Ana sing nggoleki Naning, Iki gurune SMA, dheweke kon sekolah meneh.”

“Kowe sekolah meneh wae, Ning, supaya tambah pinter.” Rani sajak ngandhani Naning,

Naning mung meneng wae tanpa gelem wangsulan.

“Kowe sekolah sesuk ya, Ning, Sekolahe gratis, ora mbayar.” kandhane gurune.

“Gelema, Ning, Timbangane kowe di....” Gun melu-melu nu- turi.

Wong telu, Naning, adhine, lan gurune bali neng ngomah. Ba- pake ora kaya biasane yen Naning bali seka lunga. Malah dheweke rumangsa seneng atine, Naning gelem bali.

“Ndhuk, Naning, apa kowe gelem sekolah meneh?” pitakone bapakne kanthi suara kang alon.

“Kula pancen kepengin sekolah malih, Pak. Napa Bapak ma- rengaken menawi kula sekolah?” ngono panjaluke Naning wektu iku.

“Nek ngono karepmu aku mung nyarujuki wae Ndhuk, aku ora bisa meksa-meksa kowe. Aku nyekarep kowe anggonmu bakal sekolah, kanggo uripmu besuke.” kandhane bapakne.

Ana ing sekolah Naning durung rumangsa bisa mikir kanthi bening, jalaran isih ana rasa ing atine yen dheweke isih diiket tem- bung dening kulawargane Tejo. Mula dheweke isih durung plong pikire yen pangiket mau durung dibalekake.

Bapakne tanggap marang kahanane anake. Tembung sing wis ditampa seka Tejo dibalekake meneh. Kahanan mau ndadekake

> “Murkane Ibu” ee 103