Kaca:Murkane Ibu.pdf/114

Kaca iki durung katitiwaca

Pasang Surut

Suci Nurlaeli Khurfaftul Jannah SMA Negeri 1 Temon, Kulonprogo

kd

ku anak nomer papat, sedulurku kabeh ana telu. Sing mbarep mang, wis omah-omah lan wis diparingi momongan loro, loro- lorone wadon. Dene mbakyuku sing gedhe lagi wae rampung kuliah ana UIN. Mbakyuku lulus MAN setaun kepungkur, lan saiki melu kursusrias penganten ana ing BLK. Ngendikane bapak, mbakyuku pancen ora arep dikuliahke, amarga pancen rada kenes, lan bapak kuwatir menawa kuliah malah dadi salah pergaulan. Aku dhewe isih sinau ana ing SMA 1 Temon, kelas loro. Bapakku tani, duwe usaha huller gabah lan seneng ngoleksi tanaman hias. Dene ibuku, ibu ru- mah tangga biasa, sing saben dinane ngurusi omah, bojo, lan anak. Aku dilairke lan digedhekke anaing desa Karangwuluh, keca- matan Temon, yaiku kalebu tlatah kabupaten Kulon Progo, iring kidul kulon. Desa kang asri, ora sepi bangetlan orarame banget, amar- gaora pati adoh saka dalan propinsi, kurang luwih mung sakkilo meter. Omahku kalebu omah kuna, omah tinggalane swargi simbah- ku. Omah ngarepiki jarene jenenge ceregancet, yaiku omah kampung gandheng telu, iku dianggo pendhapa, digandheng karo omah joglo. Anaingomahjoglo kuwi, masku, bojone, lan anak-anake padhamang- gon. Aku, mbakyu-mbakyuku, bapak, lan ibuku manggon ana ing gandhok, kang dawane gandhok mau padha karo dawane pendhapa tekan omah joglo, malah isih disambung pawon, sumur, kulah, lan lumbung, Sanajan omahku omah kuna, kang jare mbakyuku wis ora nja- mani, lan saiki akeh omah sing apik-apik model mutakhir, nanging bapakku tansah ngendika

> “Murkane Ibu” ee 1085