Kaca:Murkane Ibu.pdf/116

Kaca iki durung katitiwaca

Nganti salah sawijining dina kancane bapak ngejak pameran anaing alun-alun Wates, ing acara Hari Jadi Kabupaten Kulon Progo. Bapak ora kersa, amarga ora kuwawa anggone ngurusi. Pancen ya rada adoh omahku tekan alun-alun Wates, udakara telulas kilo meter.

“Ampun kuwatir Pak, mangke kula sing ngurusi.” ngono ngen- dikane kancane bapak.

Wusanane bapak sida melu pameran, njupuk rong kapling. Ora kenyana-nyana stand kembang kagungane bapak rame banget, saengga ibuku kagungan gagasan nyetak kartu nama, kanthi je- nenge stand “Az-Zahra” (dijupuk saka jenenge ponakanku). Saben wong sing mundhut kembang, ing pote dikantheni kartu nama. Wektu kuwi bapakku nganti dijuluki “Raja Euphorbia Kulon Progo.”

“Wedeh....” batinku.

“Pak, njenengan ampun njagakke bathi riyin, niki idhep-idhep dingge promosi, sing penting sesuk kasile bar pameran njenengan dadi terkenal.” ngendikane kancane bapak sakwise pameran ram- pung.

“TIyak, napa enggih, jare sinten?” ngono wangsulane bapakku.

Eeee..., jebul tenan ngendikane kancane bapak mau. Tamu pirang-pirang, endi sing nyambungke utawa mundhut Adhenium, endi sing nyambungke Suru utawa mundhut Euphorbia, kabeh mau ora mung seka Kulon Progo, nanging uga okeh saka njaban kutha.

Ya kanthi sebab melu pameran mau, para petani lan pedha- gang tanaman hias sa-Kabupaten Kulon Progo banjur dikumpulake dening Pak Bupati. Kabeh diparingi pengarahan lan dibimbing dening petugas seka Dinas Pertanian lan Kelautan, banjur dibentuk kelompok kanthi diparingi jeneng “Kelompok Petani lan Pedagang Tanaman Hias Sekar Binangun.”

Sakwetara kuwi pamore Adhenium apadene Fuphorbia saya mlorotamarga ana sakwenehe tanduran kang wiwit mumbul rega- ne, yaiku Anihurium. Dene Anihurium kuwi jenise pancen werna- werna, lan sing paling kondhang lan paling murah, yaiku gelom- bang cinta.

Ora ketinggalan bapakku uga kagungan Anthurium sepirang- pirang, kayata Gelombang Cinta, Super Red, Hokeri, Corong, Bintang Kejora, lan sing paling larang yaiku Jenmani.

Pendhapa, gandhok, pawon, kebak Anthurium, seka sing cilik tekan sing gedhe kabeh ana. Wektu kuwi Anthurium pancen regane

> “Murkane Ibu” ee 107