Kaca:Murkane Ibu.pdf/117

Kaca iki durung katitiwaca

edan-edanan. Aku isih kelingan, pundhutane telung atus seketewu isa payu rong yuta setengah, wolung puluh ewu isa payu wolung atus ewu. Kuwi wae sing tuku rebutan. Tamu ki persasat ora tau kendhat. Esuk, awan, sore, malah tengah wengi barang. Wis tau wit sak pote arep diijolipit montor loro, nanging ora diwenehake. Pokoke wektu kuwi bakul-bakul kembang padha jaya. Cekelane telepon genggam lan pulsane atusan ewon.

Tan kocapa, ora antara suwe regane Anthurium ambleg, Embuh kepiye mula bukane kok isa dadi kaya ngono. Jenmani sing maune rega selawe yuta, saiki mung dibandrol siji setengah yuta, kuwi wae ora ana sing nglirik. Apa meneh Gelombang Cinta, Hokeri. Biyen wis diarepi patang yuta ora oleh, saiki dadi uwuh.

“Ya wis, sabar wae! Pancen durung rejekine, kabeh mau ana sing ngatur. Ora payu ya disawang dhewe.” ngendikane bapak.

Pancen bener ngendikane bapak. Yen ora dipupus lan dipeper atine dhewe, malah isa dadi stress. Nek dipikir-pikir ya pancen ora tinemu nalar. Ana atase wit kok regane nganti atusan yuta, malah kepara ana sing regane sak milyar, yaiku sing jenenge Jenmani Super- nova.

Rega tanaman hias kabeh ambleg, ora mung Anthurtum. Sing tuku ya sepi, embuh kepiye.

“Rega larang okeh sing tuku, kok mbasan murah malah ora payu,” ngono batinku.

Kamangka aku ya ngerti, yen kanggo pawitan tuku Anthurium kuwi, wong tuaku njupuk silihan saka BRI. Wis sakmestine saben sasi kudu nganakake kanggo nyicil, durung kanggo ngragadi mbak- yu-mbakyuku kang wektu kuwi padha durung rampung anggone kuliah lan sekolah. Mesthi wae keluargaku urip kanthi prihatin banget

Heller gabah kang ana cedhake omahku wae ya sepi, amarga kalah karo kuller keliling, Mula bapakku banjur kagungan gagasan. Sapa wae sing arep nggilingke cukup sms, mengko gabah dijupuk, lan yen wis dadi beras banjur diterke. Alhamdulillah, kanthi cara meng- kono mau usahane bapak kang wis surut, lekas perneneng-perne- neng maneh.

Malah saiki bapak wis isa kagungan gilingan keliling. Kuwi mau kabeh ya pancen kemurahane sing Maha Kuasa. Dene usaha tanaman hias, bapak isih tetep optimis. Saiki bapak lagi seneng ngo- leksi jinis Puring.

108 = Antologi Crata Cekak ee.