Kaca:Murkane Ibu.pdf/120

Kaca iki durung katitiwaca

teka-teka Adit nyelani omong-omong nek dheweke seneng karo awakku. Awakku kemrutuk campur isin.

“Ayo Dur, piye kuwi ditampa wae dadi pacarmu.” jarene Aunt.

“Jawabane sesuk wae yow.” Aku ngomong karo Adit.

“Yo wisra papa kok, tak tunggu sesuk, nanginga tenanan sesuk kowe njawab aja mundur-mundur suwe.” jawabane Adit.

“Iya.” aku njawab Adit.

Esukke bali sekolah aku dipethukAdhit. Ananging awake- dhewe ora langsung bali, nangging mampir distrone kancane Adit.

“Piye jawabanmu?” Adit nakoni aku.

“Yawis lah awakedhewe pacaran.” Jawabku karo Adit.

Akhire aku lan Adit pacaran saka dina kuwi. Awal kuwi aku ngresa seneng, amerga aku bakal duwe wong sing njaga awakku. Wiwitan pacaran ayem tentrem. Aku diajak dolan neng ngendhi- endhi, disanding, ora oleh adoh saka dheweke. Ibune karo awakku wis apikan, ora jades meneh. Aku diagggep anakke dhewe. Malah nekaku dolan nangomahe sok digawekke sayur senennganku, nang kana aku dikon maem.

Uwis ana sangan gsasi aku pacaran. Yen ulang tahun dheweke ngenehi aku hadiah. Kosok balene, aku yo ngenei hadiah nek dhe- weke ulang tahun. Ananging aku wis ora betah, aku wis ra tau disan- ding, arang diajak dolan, Adit wis beda. Saiki kerep-kerepe aku sing nguripi wonge, ning endi-endhi aku sing ngetokke ndhuwit, amergo aku tresno marang dheweke, dadi ora tak pikir. Adit ngajak dolan aku sing dhuwiti. Adit kepengen apa-apa aku sing nukoke. Saiki wonge malah sibuk dhewe karo baskete. Saben dina basket. Aku karo Adit jarang ketemu. Enthek-enthek ane aku nang ngendi- endi karo Adek kancaku sekolah. Aku curhat karo Adek, urip karo adek, susah seneng karo Adek.

“Uwis Dur, diputus wae, mbangane kowe mung anyel.” Adek omong karo awakku.

“Lha aku ora tegel karo Adit. “Aku nyauri Adek. Ora let suwe kancane Adek teka jenenge Yayan. Aku lan dheweke ngobrol, omong- omongan. Aku dadi akrab karo Yayan. Aku sok dolan karo Adek lan Yayan.

Ndilalah bocah-bocah kelasku nganaake dolan bareng nang Ketep, ananging padha ora ngerti dalane. Aku arep ngajak Adit nanging wonge sibuk karo baskete.

> “Murkane Ibu” ee 111