Kaca:Murkane Ibu.pdf/121

Kaca iki durung katitiwaca

“Dur ngajak Yayan wae!”Jare Adek.

“Ya wis ora apa-apa”. Jawabanku.

Akhire sido ngajak Yayan. Aku mangkat karo Yayan lan kanca- kanca. Nang kana aku seneng, foto-foto, guyon lan nyeneng-nye- nengke ati.

Wulan pasa aku dodolan sup buah karo Adek lan kanca-kanca. Nang kana aku karo Adek diewangi Yayan. Nek Adit liwat, mesti ana Yayan. Yen ana aku mesthi ana Yayan. Aku luwih kerep dolan karo Yayan lan Adek, mbangane aku dolan karo Adit. Adit jarang ana wektu kanggo ngapeli aku.

Amergo aku kerep dolan karo Yayan, Adit sms Yayan akon ora nyeraki aku. Saploke kuwi aku ra tau kepethuk Yayan meneh. Saploke kuwi hubunganku aro Adit ora akur, anane padu lan mung nangis.

Saiki aku karo Adit uwis mlaku siji setengah taun, saiki aku ya uwis ora betah maneh neruske hubungan iki. Akhire tak wanek- wanekke, tak tegel-tegelke ngomong putus. Yo uwis aku ra ana hubungan maneh karo Adit, garek hubungan kanca. Kanca-kancaku seneng, sansaya keluargaku. Amerga aku ora disetujoni pacaran karo Adit, soale beda agama. Siji setengah tahun hubunganku karo Adit ora oleh restu, putus. Pangorbananku sia-sia, ananging aku seneng.

Lebar aku putus karo Adit, aku curhatmarang Adek lan kanca- kanca sekolahku, ana Pethok, Hohok, lan Cimol. Sawise ngrungokke curhatku, Pethok jupuk buku.

“Wis gek ngomong, apa wae barang sik tok wenehke Adit?” takone Pethok.

“Ho,o kuwiapa wae yuk diitung bareng-bareng!” kanca-kanca liyane melu nanduki.

“Akeh, ana HP, boneka, topi, clana. Ah... Okeh lah,” Jawabku. FEnthek-enthekane dipanta-panta karo Pethok, ditulis nang buku.

“Topi telungatus skeket ewu, clana satus sangan puluh ewu, njuk apa wae mau?” Pethok ngedumel dhewe.

“Kowe ki dhangapa kok malah kenthir, sing rugi aku kok sing ribut kowe kabeh.” Omonganku.

“Ya ora apa-apa Dur, jajal kowe enthek pira sasuwene iki karo Adit.” Adek nyambung,

BI > Antologi Crita Cekak ee