Kaca:Murkane Ibu.pdf/128

Kaca iki durung katitiwaca

dheweke saben dina sinau kanthi sregep lan ora tau bolong le sholat. Saben sore Paijo ya sregep ngewangi wong tuane.

“Bu, maturnuwun kagem dongane lan pangestune amargi kula saged dados bocah ingkang ibu kersaaken!”

“Iya nak, sinau sing sregep ya lan aja lali shalate!”

“Nggih Bu!”

Wis setengah taun anggone sinau Paijo ana SMA. Dheweke ngra- sa betah lan disenengi kanca-kanca amarga kepinterane lan watake sing apik. Nanging, dheweke salah le kekancan. Dheweke malah kekancan karo bocah sing ndhugal gaweyane saben dina ya mung waton menyang sekolah, mendem, lan udud. Jenenge Imam, beda karo Paijo. Sanajan jenenge Imam, nanging dheweke ora bisa dadi bocah sing sholeh lan ora bisa dadi imame utawa tuladhane kanca- kanca kanthi tingkah sing apik.

Nalika bali sekolah, Paijo lanImam mlaku bareng anggone arep bali. Banjur Imam nawani udud marang Paijo.

“Jo, arep udud ra?”

“Ora ah, udud kuwi ora apik!”

“Ooo...cen PAIJO kowe ki, ndesa!”

“Lha piye to? Udud kuwi pancen ora apik, amarga awake dhe- we bisa kena kangker lan nek kowe lagi udud, uwong sing nang ce- dhakmu ya isa kena lan isih akeh penyakit kang disebabake seka udud!”

“Halah, kowe ki sok alim. Udud kuwi enak Iho, marakke pi- kirane enteng lan bisa gawe seneng!”

“Aku ora percaya, soale kuwi ya mung mitos. Asline ya mung mbuwang-mbuwang dhuwit lan ngrusak awak. Wis yo Mam, rasah nawani aku udud maneh!”

“Yo gek bali wae kana ngko ndak digoleki mbokmu!”

Ing malem Minggu, Imam ngajak Paijo dolan-dolan, lan Paijo gelem diajak Imam. Nanging, amarga Imam kuwi bocah sing ora bener, Imam ngajak Paijo ana ing cakruk cedhak omahe Imam kanggo men- dem.

“Josido dolanra?”, pitakone Imam marang Paijo nalika isih nang omahe Paijo.

“Yo ayo gek mangkat wae, nanging rasah tekan wengi ya!”

“Yoh!”

“Yowis, saiki gek mangkat wae yo!”

> “Murkane Ibu” ee 119