Kaca:Murkane Ibu.pdf/129

Kaca iki durung katitiwaca

“Yoh!

Nalika ana ing dalan, Paijo nuwuhke pitakon ana ing njero atine. Dheweke lan Imam kuwi arep lunga nang endhi. Banjur Paijo takon karo Imam.

“Mam, awake dhewe iki arep lunga nang endi ta?”

“Ora adoh kok saka omahku!”

“Lha arep nang endi ta?”

“Arep ngrasakke surga donya !”

“Hah, apa aku ora salah krungu? Surga kuwi ya mung nang akhirat sesuk ta? Mosok nang donya kok ana surga. Terus wujude kuwi kaya ngapa?”

“Halah koweki, rasah sok dadi kyai. Ngko kowe yo ngerti dhe- we. Wis ta, saiki kowe rasah kakehan omong!”

Pitakone Paijo entek-entekane kejawab nalika Paijo lan Imam wis tekan anaing cakruk. Jebule, sing dimaksud surga donya kuwi seneng-seneng utawa foya-foya nanging ora bener lan nang ajaran agama kuwi ora oleh ditindakake. Amarga sing ditindakake kuwi mendem.

Nang ngarep cakruk, Paijo kepengin bali amarga dheweke ngrasa ora cocok nglakoni kaya ngono kuwi lan nek ditindaake malah nggawe dosa!”

“Dosa? Ora kok, iki sing disebut surga donya. Awake dhewe bakal bebas nglakoni apa wae nek wis ngrasakke kuwi”

“Wis lah Mam, aku bali wae ya?”

Nanging, ora suwe ana kanca-kancane Imam sing teka nang cakruk banjur Paijo wedi amarga bocahe sangar-sangar lan dheweke dikon manut wae dening Imam, supaya ora diantemi.

“Mam, kuwi sapa maneh sing teka? Kok bocahe sangar-sangar. Aku dadi wedi!”

“mulakna, kowe manut wae karo aku aja wani-wani karo cah- cah kae, saiki gek mlebu wae nang cakruk ta!”

“Yo wis, aku tak manut!”

Nang njero cakruk, Paijo mung bisa meneng wae lan mung bisa ndelok Imam lan kanca-kancane pada ngrasakke surge donya. Ban- jurImam nawani Paijo ngombe. Paijo sing maune wedi-wedi banjur diwanekake supaya ora diantemi dening Imam lan kanca-kancane.

“Piye Jo rasane? Enak ta?”


120 > Antologi Crita Cekak ee