Kaca:Murkane Ibu.pdf/131

Kaca iki durung katitiwaca

ngrungoake nganti rampung lan sing tabrakan mau mati amarga nabrak uwit. Banjur Paijo ngrasa salah lan wedi nek dheweke sing ngalami ngono kuwi terus kepriye. Kamangka kuwi kelakuwan sing ora becik lan nang ajaran agama ora oleh dilakoni. Dheweke pengin tobat lan pengin dadi bocah kang watake becik.

“Bu..., kula badhe nyuwun pangapunten. Amargi kula nin- dakake ingkang mboten sae!”

“Yoh nak ora papa, nanging aja dibaleni meneh ya!”

“Nggih bu, kulo sampun ngertos menawi ingkang kula tin- dakaken menika lepat lan mboten sae!”

“Dadi bocah sing becik lan bekti marang wong tuwa wae nak aja dadi bocah nakal!”

Ibune Paijo nangis, amarga weruh anake njaluk ngapura, na- nging dheweke ya ngrasa seneng amarga Paijo wis sadhar nek sing ditindakake kuwi ora becik lan dheweke yo sadhar nek kabagyan kuwi ora mung dientukke saka foya-foya utawa seneng-seneng wae, nanging, kabagyan kuwi bisa dientukke saka awake dhewe nindak- ake ingkang becik lan surga ing akhirat kuwi luwih apik tinimbang surga donya sing mung sedilit lan kadhang surga donya kuwi ora apik amarga awake dhewelengolehke saka nindakake barang sing ora becik.

KG

N Aziz Amirulbahar, lair ing Kulon Progo, 24 Juni 1992, sekolah ing SMA Negeri 2 Wates, Bendungan, Wates, Kulon Progo, ngrasuk agama Islam, omahe ing Kaliwangan RT 27, RW 13, Temon Wetan, Temon, Kulon Progo, telepon ngomahe (0274) 7117572, hapene 085729486454, kesenengane dolanan komputer.


122, = Antologi Crita Cekak ee