Kaca:Murkane Ibu.pdf/132

Kaca iki durung katitiwaca

Tulus, GIT

Rohmad Nurdin SMA Negeri 2 Wates, Kulonprogo

kd

mplop dhinas iku age-age dibukak. Wis ora sranta olehe pengin eruh piye isine. Pancen wis suwe olehe ngenteni. Suwe. Yen dietung saka olehe melu testing sing pungkasan. Lan dadi suwe banget, olehe ngenteni iku, yen ngetunge wiwit sepisanan dheweke dhaptar lan melu testing. Wis ping pitu. Tegese, wis pitung taun. Wis ping pitu Tulus ditolak. Yen sing keri dhewe iki mengko asile padha karo sadurunge.

Ping pitu tenan. Tulus meh ora isa unjal ambegan. Dhadhane sesak, ngampet nesune. Ukara-ukara ing lembaran layang dhinas iku krasa nyampluki pulung atine. Perih. Perih banget rasane. Un- tunge, dheweke wis cukup pengalaman ngampet rasa perih ngono iku. Wis ping pitu!

Wis wolung taun mlaku iki statuse Tulus ora owah-owah. Pang- kat Ge-te-te wae. Ge-te-te, alias Guru Tidak Tetap. Ge-te-te ing es-em-a Nanggungan. Iku ateges status liyane, olehe isih njaka, ora bakal enggalowah, jalaran jroning batin Tulus wis setengah prasetya yen ora bakal rabi-rabi sadurunge diangkat. Mangka, Astutik, pacang- ane, wis bola-bali ndheseg,

“Wis, ta, Mas, ndang wae ndak nek kesuwen jarene wong tuwa. Ora sah ngenteni diangkat, ya yen ndang diangkat, nek ora piye?”

“Jan-jane aku dhewe ya mikir ngono. Lha, ning, mengko bocah- bocah dipakani apa?”

“Ah, gene pitik kae mung bandha ceker-ceker wae, ya ora nganti kaliren.”


> “Murkane Ibu” ee 123