Kaca:Murkane Ibu.pdf/133

Kaca iki durung katitiwaca

“Pitik rak butuhe mung mangan. Beda karo menungsa.”

“Witikna, yen mundur-mundur terus, mengko yen awake dhewe wis thuyuk-thuyuk terus bocah-bocah isih cilik-cilik, apa ora malah mesakake?”

“Kok mikir sing durung ana. Lha, wong mikir awake dhewe wae ra mesthi tepung ngene, kok!”

“Sampeyan ki kok olehe nglokro. Mengko aku takkursus salon. Neng kene lagi Mbak Lilik sing ngadeg salon. Aku wis percaya yen langgananku mengko bakal akeh.”

“Ya, yenngono ndang kursusa wae dhisik. Prekara rabi dipikir yen olehmu kursus wis rampung,”

Astutik sida kursus tenan. Tulus dhewe ya saya nyrempeng olehe usaha amrih ketampane. Nglumpukake dhuwit, nglumpuk- ake pandonga saka wong tuwa, sanak kadang, lan wong-wong sing gedhe rasa preduline. Uga, golek sisik-melik ngendi ana sing bisa aweh dalan amrih gelise ketampa. Keblithuk? Wis. Wis ra kepetung. Ning, Tulus ya ora kapok-kapok. Dianggep kalah main, senajan saya suwe sajake kaya nututi gedebog keli!

Ana kancane sing mrayogakake supaya dheweke pindhah pro- fesi wae. Mangka profesi guru kuwi wis dadi gegayuhane wiwit dhe- weke ajar ngukur gegayuhan. Mula biyen dheweke mlebu es-pe-ge sarampunge es-em-pe. Ketampa neng es-pe-ge swasta wae, senenge orajamak. Gegayuhane saya mulur nalika entuk kalonggaran mlebu nyang perguruan tinggi, ora ketang perguruan tinggi swasta. IKIP swasta. E, tibake mung neng es-de Tulus ngrasakake sekolahan ne- geri. Pancen nasipe Tulus.

Pas dheweke lulus saka es-pe-ge, rejekine wong tuwane lagi kededel dening panen cengkeh. Emane, wangine kembang cengkeh nalika kuwi ora umur dawa. Jalaran, sawise Tulus kasil nglungguhi bangku perguruan tinggi, rega kembang cengkeh selot mlorot, mu- dhun, nganti mupus semangate para kadang tani ing padesan. BPPC (Badan Penyangga Perdagangan Cengkeh) sing wektu kuwi dideg- ake kanggo nulung para petani cengkeh tibake malah ngorat-arit pasar.

Adhi-adhine Tulussing cacahe papatkuwi wusanane kudu mung trima sekolah tekan es-em-a. Iku wae wis ngaya. Lha, Tulus dhewe wae, upama ora kadhung mlebu ngono ya mbuh-mbuhan. Yen Tulus bisa metu lulus iku wis beja banget. Hm. Mlebune gampang, metune

124 > Antologi Crita Cekak ee