Kaca:Murkane Ibu.pdf/134

Kaca iki durung katitiwaca

kangelan. Sawise metu saka IKIP, golek gaweyan rekasane ya ora jamak!

Bakate Tulus pancen dadi guru. Prekara olehe wis wolung ta- hun mlaku isih panggah dadi ge-te-te, iku rak urusane nasip. Ning bakate pancen ya dadi guru kuwi. Murid-muride padha seneng, Seneng wulangane, seneng gurune, seneng Tulus-e. Embuh wis ping pira Tulus entuk layang tresna saka muride, klebu saka Astutik sing saiki resmi dadi bakal calon bojone iku!

Anasing luwih gawe mongkoge atine Tulus, yaiku akeh muride sing nerusake nyang perguruan tinggi, milih jurusan sing padha karo sing diwulangake Tulus.

Yen ngelingi iku rasa mongkoge Tulus bisa ngluwihi kanca- kancane sing wis padha diangkat, wis duwe NIP, wis duwe sragam korpri lan sragam, pege-er-i. Ning, angger weruh kancane nganggo sragam korpi utawa sragam pege-er-i, batine Tulus dadi keranta- ranta! Saben-saben dheweke kudu tandha tangan kanggo keperluan administrasi, apa yen pas njaga te-ha-be, apa pas ngisi formulir apa- apa ngono. Ajeg, dheweke kudu nyoret utawa menehi tandha setrip ing sawise tulisan NIP utawa sangisore jenenge. Yen wis ngono, perih neng njero batine sangsaya perih. Perih banget!

Prekara sragam luwih merihake maneh. Angger-angger kan- cane sing wis diangkat nganggo sragam korpri utawa sragam pe-ge- er-i, atine Tulus kaya diiris-iris. Mripate dadi pedhes, batine keranta- ranta. Yen mung prekara tuku klambi sragam wae, mesthine dhe- weke ya bisa. Apa maneh yen entuk kalonggaran utang saka kope- rasi sing dheweke durung bisa dadi anggotane kuwi. Ning dheweke isih eling, sadhar, menawa dheweke durung wenang nganggo klam- bi sragam. Sragam korpri apadene sragam pe-ge-er-i.

Dheweke pancen guru, wong saben dina dheweke ya mulang, Nanging, rak, guru tidak tetap, alias ge-te-te! Mangka Persatuan Guru Tidak Tetap Republik Indonesia (pe-ge-te-te-er-i), ya durung didegake. Durung ana. Dheweke ya pegawe, sing nyambutgawe ing lingkungan Depdiknas. Lha, ning, dheweke rak isih pegawe tidak tetap, honorer, utawa apa waeblah sebutane. Lan mesthi wae ya durung klebu korpri. Mangka ya durung ana Korps Pegawai Tidak Tetap Republik Indonesia, sing upama dibentuk ngono sajake ya ewuh olehe arep nyekak kuwi!


> “Murkane Ibu” ee 125