Kaca:Murkane Ibu.pdf/135

Kaca iki durung katitiwaca

Dumadakan wis jam setengah pitu. Srengenge saya semlenget. Sewengi muput Tulus ora bisa turu. Klisikan terus, sedhela-sedhela alihan, miring ngiwa, miring nengen, mlumah, mengkurep, padha ora kepenake. Merga pikirane pancen lagi ora kepenak! Batine goreh mikirake nasipe.

Srengenge saya munggah. Saya nyengkrek. Mung nasipe Tulus sing isih panggah surem, embuh nganti kapan.

Tulus isih mumet mikirake isine layang kuwi. Mumet banget, merga wis ping pitu dheweke nampa layang kaya ngono kuwi. Dheweke wis niyat arep mbolos dina kuwi. Ning, ujug-ujug Astutik teka, nitipake layange adhine.

“Mas, Titin ora mlebu. Iki layange.”

“Kok ora mlebu?”

“Wiwit tangi turu mau mimisen, ora mampetmampet.”

“He? Wis dipriksakake nyang dhokteran?”

“Iki isih arep takterake. Nemen, kok, ketoke. Wis disumpeti suruh barang panggah mili wae.”

“Aku wae sing ngeterake!”

“Lho, sampeyan rak wayahe mlebu, ta?”

“Ah, aras-arasen!”

“O0, ceklek, ta! Ah, koklagi saiki, ta, Mas! Batin sampeyan entuk wae protes. Nanging bocah-bocah sing rung ngerti ruwet-rentenge urip kuwi aja didadekake kurban. Bocah-bocah mbutuhake sampe- yan. Sampeyan yen ngaku guru, saiki wajibe mulang, Sampeyan kudu mlebu. Rung diangkat wae kok wis ajar kesed. Piye mbesuk dadine?”

Sakal semangate Tulus pulih. Jenggirat. Kira-kira dheweke njur kelingan plesetane Taufig Ismail, “(Guru kencing berdiri, murid me- ngencmgi guru!” Mulane dheweke njut tata-tata, age-age budhal.

Digiring srengenge esuk, Tulus nggenjot sepedha onthele. Em- buh, Umar Bakri-nelwan Fals iku tembang apa tangis. Dadi guru pan- cen kerep mangan ati. Luwih-luwih yen bayarane kerep disunati. Sing luwih mangan ati maneh, yen dadi guru tidak tetap. Delengen Tuluskuwi, lho, wis wolung taun mlaku, dadi ge-te-te, ora diangkat angkat!

Atine saya miris meneh marang penjaluke Astutik gek kon age-age. Rong masalah diadepi bareng-bareng mangkakno abot kabeh, pikire sapa sing ngan ggap entheng perkara kumau, ore judeg karo masaalah ki mau.

126 > Antologi Crita Cekak ee